Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Hari Pendidikan Nasional | Pintar Pidato | Kumpulan Naskah Teks Pidato Terlengkap

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Hari Pendidikan Nasional

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan - Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh...
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala Sekolah Mirahranti
Ingkang kawulo hormati Ibu Wali kelas 3
Ingkang kawulo hormati Bapak lan Ibu wali murid sedoyo
Lan sedoyo rencang kulo, siswa/siswi SMP Mirahranti

Mboten wonten ucapan luwih agung, tinimbang puji syukur dumateng arsanipun gusti Allah. Ingkang sampun maringi nikmat lan karunia dateng kito sedoyo, inggih meniko nikmat iman lan kesehatan ingkang ndadosaken kito sedoyo menungso beriman lan bertakwa.

Sholawat teriring salam dumateng junjungan kito, Nabi Muhammad saw, ingkang sampun maringi petunjuk dumateng ummatipun sedoyo, sehinggo kito saget pinaringan cahaya ingkang terang benderang.

Ing mriki, kawulo dipun utus dateng rencang-rencang sedanten, inggih maksudipun meniko mewakili, dalam rangka memperingati Hari Pendidikan Nasional.


Pendidikan niku sangat penting kangge sinten kemawon. Tanpo pendidikan, menungso mboten wonten artine. Mulo niku, kito sedoyo tansah memperjuangne pendidikan kangge sinten mawon. Mboten mandang suku, agama, golongan.

Perjuangan kemerdekaan kangge hal meniko, sampun diwiwiti saking jaman rumiyen. Wonten Perkumpulan Budi Utomo, Sumpah Pemuda, lan lain-laine. Perjuangan ingkang pahlawan perjuangne ampun kito sia-siaaken. Kito harus mengisi warisan kemerdekaan meniko kalih hal-hal ingkang bermanfaat.

Mulo meniko, kulo pesen dumateng rencang-rencang sedoyo, monggo kito tansah nyambut damel ingkang giat, belajar ingkang giat. Kesempatan belajar meniko ampun disia-siaaken. Monggo sami-sami membulatkan tekat, isi kemerdekaan Indonesia meniko kalian hal-hal ingkang bermanfaat.

Sekian sambutan saking kawulo, mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agunging samudro pangeksami.

Kulo akhiri, wassalamualaikum wrwb.

No comments:

Copyright © Pintar Pidato | Kumpulan Naskah Teks Pidato Terlengkap. All rights reserved. Template by CB. Theme Framework: Responsive Design